
Katresnan puniko
Sanes rojo tuwin brono
Ananging raos
Ingkang rerakit ing dalu kaliyan rino
Katresnan puniko
Rinoncening bungah kaliyan susah
Antawisipun kalih manah
Sesarengan anetepi laku kasampurnan
Tresno puniko kasampurnan
Kekalih ingkanag anyampurnakaken lintunipun
Kasampurnanipun ingkang kakung, jumeneng dateng ingkang estri
Semanten ugi kasampurnanipun kang estri
Tansah jumeneng dating pun kakung
Tresno puniko bebener
Kang lumampah pinuju kamulyan bebrayan agung
Amargi tresno ingkang tanpi bebener
Namung badhe andamel kapitunan
Tresno puniko suci
Mulo kedah dipun uri uri
Supados saget anggayuh kabagyan jati
Tresno puniko brahmo
Angapuro sedayaning kalepatan
Sesarengan anyenyuci
Pinuju kabagyan jati
Tresno puniko sabar
Sabar anglampahi pepesthi
Sabar anyenyuwun
Mring Gusti Allah kang Maha Widhi
Mugi tansah pinaringan katresnan jati
>
No comments:
Post a Comment