Tuesday, June 21, 2011

Samar




Ora sedhela anggone bebarengan
Anandhang bungah susah aniti mongso
Ngangsu kawruh sejatining jalma
Nadyan ingsun amung kawulo
Ananging rasaku tan ono liyo

Tansoyo dangu
Tuwuh roso sajroning dodho
Roso kang ingsun dewe ora mangerteni opo
Opo to semono ugo ing sariro ?
Amargo netro datan kuat anyawang roso
Amung sarwo samar sedayane



Mbuh sebab opo
Lati koyo anggregeli
Rogo amung tansah nglokro
musno sakabehing doyo
Kabotan roso sajroning dodho

Siro datan biso mangerteni
Amargo ingsun ora nate wani
Mung tansah anyidrani
Anekak kareping ati

Anggonku memuji

Maturo duh yayi
Amargo ingsun datan angerti kocaping ati
Amargo ingsun datan angerti wasesaning netro
Amargo ingsun tan biso anyawang lelaku
Amargo ingsun datan waskitho ing roso

Maturo duh yayi
Kandakno sedayaning roso
Ingkang tansah angreridu ati

Roso ing atiku iki
Opo to siro ugi ?

Rinakit dening samar, kang ora pikantuk pepadhang
Amargo siro wus kebacut ilang, sumingkir saking rejaning jaman
Suroboyo, 19 Mei 2011

No comments:

Post a Comment